KPKL 75 Kesambutan kula dumateng Gusti
1=Es 3/8
Versi Version 1
1
Dhuh pamarta
seda Tuwan ngluwar kula
sing ukuman
iba gunging pitulungan
Tuwan kang nebus kula
De kula nyaur napa
Tuwan kang nebus kula
De kula nyaur napa
2
Aneng salib Tuwan nyanggi
Sakathahing dosa mami
Ing srira Tuwan pribadi
Tuwan nombokken nyawa
De kula tombok napa
De kula nyaur napa
Tuwan kang nebus kula
De kula nyaur napa
3
Kala Tuwan pinisakit
Rah Tuwan ndlewer ing salib
Wah kang srira tatu wradin
Tuwan nglabuhi kula
De kula males napa
De kula nyaur napa
Tuwan kang nebus kula
De kula nyaur napa
4
Sambat Tuwan amlas-asih
Dhe klangkung sungkaweng galih
Tinilar ing Hyang Ma’asih
Nggentosi siksa kula
Kula mangsuli napa
De kula nyaur napa
Tuwan kang nebus kula
De kula nyaur napa
5
Kula isin yen kemutan
nggen kawula kesambutan
mangka sring taksih kluputan
kula mugi winulang
animbangi sih Tuwan
De kula nyaur napa
Tuwan kang nebus kula
De kula nyaur napa

OK