KPKL 79 Wungunipun Gusti Yesus
1=D 4/4
Versi Version 1
1
Alleluyah Gusti wungu
Antaka kalah saestu
De astaNya kang rosa
Pinujia Sang Prawira
Kang ngantukken pangapura
Lan mulyakken tyang dosa
Slamet Gusti sampun unggul
Wus nyaur pundhat panebus
Tandhasta wus tinulis
SabdaNya Allah kang mirma
Tinrimah kurban kang Putra
Marganya sira urip
2
Alleluyah, kayu laknat
Malih dadi kayu berkat
Tandhanya sihe Allah
Wus ngruwat sagunging dosa
Ing tyang kang laku pracaya
Kalawan trusing manah
Alleluyah neng Golgota
Mung mancur sih-pangpura
Tan wonten bebendunya
Dharahe Gusti nekseni
Tiyang rumaket ing Gusti
Samya pinundhut putra
3
Alleluyah, Gusti wungu
Antaka kalah saestu
Wus tan jrih kubur kula
Gusti seda krana kula
Wungune dados panjernya
Tangi kula amulya
Slamet donya dimen ical
Ing akhir aneng kamulyan
Kula nyameni Gusti
Binabar pra putra suci
Sadhereke Gusti sami
Sarta lenggeng memuji

OK