KPKL 82 Mekradipun Gusti Dhateng Swarga
1=B 4/4
Versi Version 1
1
Swawi sami suka-suka
Nggen kula ngenget-enget
Gusti minggah maring swarga
Mendah kaluhuranipun
Jeng Gusti juru slamet!
2
Ya ta sinungan kamulyan
Lan sagung pangawasa
Wonten ing swarga kalayan
Ing bumi, nggih jinulukan
Ngungkuli sagung nama
3
Ngantos para malaekat
Tansah sami memuji
Langkung malih para umat
Nggih wajib nyaosi urmat
Saha sujud mring Gusti
4
Mung Yesus Kristus kang wenang
Sami den akenana
Gusti ing sawarnining tyang
Dados lan kamulyaning Hyang
Ma suci, nggih kang Rama
5
Dhuh Gusti kula Panutan
Tyang Kristen pundi-pundi
Asru anggunggung Sampeyan
Rame-rame neng pasam’wan
Tansah pinundi-pundi
6
Kang wau Gusti nahanken
Sinalib, dhatan nggalih
Wewirang, mila kluhurken
Mangke pinarak neng tengen
Ing Allah kang ma’luwih
7
Yogya dados pepandengan
Ing pra umat sadaya
Saha inganggep Panutan
Dennya ambujeng kamulyan
Ing tiyang kang pracaya
8
Sampeyan kang ngrumiyini
Dados Pangirid kula
Saha maringi prajanji
Badhe karsa anyawisi
Panggenan wonten swarga
9
Dhuh Rama, mugi Sampeyan
Aparing Roh kang suci
Minangka dados gantosan
Nggen kula badhe kaduman
Kanugrahaning Gusti

OK