KPKL 83 Mekradipun Gusti
1=G 2/4
Versi Version 1
1
Swawi sami muji girang
Gusti mulya minggah dampar
Srirane wus ingasorken
Samangkin Allah ngunggulken
2
Kang wus seda krana kula
Sampun wungu klayan mulya
Mangkin ginanjar kamulyan
Munjuli sagung tumitah
3
Rampung salir pakaryannya
Ing sakarsane kang Rama
Mila pinunjul ing asma
Tan wonten kang nyamenana
4
Klayan nyebut asma Yesus
Badhe jengkeng salir dhengkul
Kang wonten swarga lan bumi
Lan ing palimengan ugi
5
Lan sagung ilat memuja
Yesus Kristus Gusti nyata
Drapon kamulyane Allah
Rama kang langgeng sinembah
6
Swawi manuswa waradin
Ndherek muja kang trus batin
Yesus kang mlasi tyang dosa
Yeku Pangeran ing swarga
7
Neng satengene Sang Rama
Gusti pinarak angantya
Kasoran sagung satrune
Neng sangandhaping padhane
8
Satru antaka kang rosa
Wekasan linebur uga
Dening kang unggul ing krosan
Nggih Gusti kang mengku gesang
9
Mula wong Kristen ja wedi
Maring sangsara lan pati
Gusti aneng kamulyane
Tan supe mring tebusane

OK