KPKL 90 Gumelaring Kratonipun Gusti
1=C 4/4
Versi Version 1
1
Mugi Tuwan karsa angutus
Utusan kados duk kinanipun
Ingkang ngemban sabdane Allah
Lan ngabarken sih piwelasipun
Supados tyang salumahing bumi
Angsala wartos king Mahasuci
2
Mugi Tuwan ngawontenaken
Abdi prawira kang sami nyebar
Tetaneman mugi dadosa
Ngantos dinulu abyor ing sekar
Wedalipun yen panen sageda
Ambingahaken sestu ing driya
3
Sabdane Allah badhe unggul
Pepetenging dosa badhe kawon
Mekaten ugi tyang sembrana
Lan kang kawengku ing gugon tuhon
Rahajeng kang pitados ing Gusti
Klayan bingah asmane pinuji!
4
Kula sami sujud sumungkem
Wonten ngarsanya Rama kawula
Sarta kula sami nyenyuwun
Mugi karaton Tuwan rawuha!
Tiyang ing pundi-pundia samya
Pitadosa ing Gusti kawula!

OK