KPKL 94 Pamradining Injil Sajagad
1=F 4/4
Versi Version 1
1
Ginanjara berkat salam
Eh pra utusan setya
Kang ngundhangken kabar slamet
Mring pra umat parenca
Saya wratakna prangira
Lan brahala wah peteng
Gusti kang anganthi sira
Pangreksanya tan sepen
2
Tetunggul salibe Gusti
Den ulukna lan tatag
Nganti ing salumah bumi
Suwura sihe Allah
Padha dadia cihnanya
Kristus yen pinaringan
Para umat sadayanya
Bra cinawisan slamet
3
Dhuh Gusti, mugi nglaraken
Pangundhanging sih Tuwan
Ngantos kang dereng midhanget
Tan kantun satunggal tyang
Para umat winulanga
Mlampah neng padhang suci
Sihe Rama kamulyakna
Wonten salumah bumi
4
Boten sandhe badhe dugi
Jaman mulya punika
De Allah mesthi mumpuni
Ing pundi pakaryannya
Dhuh Rama, mugi kang asma
Mulyaa ing sajagad
Margi tinampen sawabnya
Dharahing salib Tuwan
5
Pra abdi Tuwan kang setya
Sami sinantosakna
Linipura de cahyanya
Berkat Tuwan kang adya
Matemah kendel majunya
Ing tengahnya pra umat
Ginelakna jaman mulya
Wradining kraton Tuwan

OK