KPKL 96 Ing Waktu Badhe Winulang
1=G
Versi Version 1
1
Dhuh Allah saben kula mriki
Mugi ambektaa manah
Ingkang temen saha kang sae
Punapa malih kang lembah
Supados pangandika Tuwan
Kula sageda nyimpeni
Kang sarta dipun estokaken
Tinulungan ing Roh Suci
2
Dene nggen kula anenuwun
Wonten ing greja punika
Utawi yen nyaosi sukur
Mugi-mugi katrimaha
Dhuh Gusti, Sampeyan piyambak
Wonten tengah kula ngriki
Anedhaki ing manah kula
Kang sarta dipun santuni

OK