Bareng tindake wis saya cedhak lan mirsa kutha iku banjur dimuwuni,
pangandikane: “Adhuh, iba becike manawa ing dina iki uga kowe nyumurupi apa kang prelu kanggo tentrem rahayumu! Nanging ing saikine bab iku sinamar tumrap mripatmu.
Sabab bakal tumeka wektune, mungsuhmu padha makuwon ing saubengmu, sarta ngepung lan ngrampid kowe saka ing ngendi-endi.
Kowe bakal kagempur nganti wrata karo lemah bareng karo anak-anakmu, sarta mungsuhmu ora bakal nglestarekake watu kang siji tumumpang ing watu liyane ing tembokmu, awit kowe ora nyumurupi wayahe anggone Gusti Allah nuweni kowe.”