Kisah Para Rasul 1:9-11 (Jawa-2006)

9 Sawisé ngandika mangkono, Panjenengané nuli sinengkakaké menyang swarga, sineksènan déning para rasul, banjur wus ora katingal, amarga kaaling-alingan méga.
10 Nalika lagi padha tumenga ing langit ngawasaké anggoné Panjenengané sumengka iku, dumadakan ana priya loro jumeneng ing sacedhaké, padha ngagem ageman putih,
11 kang tumuli mangandikani mangkéné, "Hé, wong-wong Galiléa, yagéné kowé padha ngadeg tumenga ing langit? Yésus, kang sinengkakaké menyang swarga, nilar kowé kabèh iki, bakal rawuh manéh kanthi patrap kaya kang padha kokdeleng nalika Panjenengané minggah menyang swarga."

Tweet