KPJ 121 KULA NGGUNGGUNG-NGGUNGGUNG GUSTI
Versi Version 1
1
Kula nggunggung-nggunggung Gusti,
sesembahan kula sejati. Tanpa cela sestu suci
Sabdanya dados panutan,
tindaknya dados patulandhan.
Tyang ngupados kayektosan
suyud mring Sang Putra,
kang nglabuhi kula,
wit trsnanya trusing driya tulus nyata,
rila ngurbanken sarira.
2
Gusti ngundhangken pawarta luwarira tyang miskin-papa,
sing sangsara mrih raharja.
Nggih pangentasan sanyata, kang tinindhes lan kinunjara,
pulih harkat-martabatnya.
Tyang kang nandhang roga samya dèn sarasna;
wah mbabarken Yobèl taun pangluwaran,
nggih sih-rahmaté Pangéran.
3
Duk Gusti siniya-siya, siniksa, lan sinalib séda,
tan males srana piala,
Mring tyang kang sengit mengsahi, malah winales dên tresnani,
kadongakna mríh basuki.
Yésus Gusti kula, manungsa sampurna,
nyantosakken kula sagung tyang pracaya,
tinulad kasampurnannya.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK