KPJ 137 SAKEHING WAS-SUMELANGMU PASRAHNA
Versi Version 1
1
Sakèhing was sumelangmu pasrahna mring Gusti,
wit saliring mitramu tan bisa mrantasi.
Jer sagunging manungsa nyanggi sumelangé,
kang pinasrahan tan ana, tansah kuwur atiné.
Diénggal pasrahna ing astané Gusti
sagung kuwatirira, wus mesthi dèn tulungi
2
Yéhuwah iku pangènmu, pamomong sejati,
kang nentremken atimu, setya ing panganthi.
Payo, prayoga sowan marek Sang Pamarta
kanthi giyak bebarengan, tan mangu ing wardaya

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK