KPJ 141 TIYANG PITADOS
Versi Version 1
1
Tiyang pitados tentrem gesangnya,
yen nunggil Sang Pamarta.
Panggah seger kadya epang
lamun ing witira.
Tyang kang tansah manut rehing Gusti
amung begja kang pinanggya.
Binerkahan siyang lan ratri
lestantun rineksa.
2
Tiyang pitados gesang lestari, lamun nunggil lan Gusti.
kadya epang lan wohira, yèn nunggil ing witnya.
3
Tiyang pitados bombong ing manah, karana Sang Pamarta.
Kadya epang awoh kathah, yèn tulus ing witnya.
4
Tìyang pitados nging tanpa lampah, gesangira mung nglaha.
Kadya epang kang kapisah, yèn wohé tan ana.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK