KPJ 178A PASRAH SUMARAH MRING GUSTI
Versi Version 1
1
Pasrah-sumarah mring Gusti, pangayoman kang sejati.
Uripmu tansah rinimat, wit Gusti gunging sih rahmat.
Waspadakna makluk wrata, karoban ing sih lan piwlasnya,
wah saliring butuhira pinaringan ing sacukupnya.
2
Pasrah-sumarah mring Gusti, mrih ayem-tentrem ing ati
Bungah-susah, sugih-mlarat memuji Gusti tan kendhat.
Udinen kratoning swarga wah sagunging kasampurnannya,
temahan sira nyipati panganthi panunggiling Gusti.
3
Pasrah-sumarah mring Gusti, Parang pangungsen sejati.
Lamun tinempuh prahara, Gusti nyantosakken sira.
Waspadakna mukjijatnya ing prakara gung wah prasaja.
Kang wedi-asih lan setya winuwuhan berkah sing swarga.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK