KPJ 180 PISUNGSUNG KONJUK MRING GUSTI
Versi Version 1
1
Pisungsung konjuk mring Gusti datan mung prasedasan;
wit berkahnya siyang ratri lumintu tan wilangan.
Sawarnining kang pengaji kaaturna mring Pangeran.
2
Misungsung kang trus ing ati karenan ngarseng Gusti,
dados srana peladosan tumraping pasamuwan;
mbabarken kratoning Allah, rinaosken ing akathah.
3
Nulad randha miskin-papa kang loma misungsungnya
sedaya kang den darbeni sinaosken mring gusti.
Mangkono padha tindakna kanthi eklas trus ing driya.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK