KPJ 228 ING BETLEHEM KANG TAN AJI
Versi Version 1
1
Ing Betlehem kang tan aji wus miyos Sang Bayi.
Kang kadya wus kaweca aneng Kitab Suci.
Suraka, ya suraka! Kanthi suka rena,
"Sang Pamarta wus manjalma nunggil klayan kita!"
2
Bayi papa kang kaweca agung pangwasanya;
mbirat salir sangsara wah pangrehing dosa.
3
Bayi suci kang ginusti tumedhak sing swarga;
ambabar asih-tresna, yogya tinuladha.
4
Bayi adya wah sampurna tumedhak mring jagad,
nedya sung karaharjan, wit gung ing sih-rahmat.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK