KPJ 234 KAPRUNGU SWARA GUMYAK
Versi Version 1
1
Kaprungu swara gumyak ngumandhang saka swarga
paring warta kabungahan tumrah mring pra manungsa.
Nyata Allah tresna; kongsi ngutus Putranya
maringken tentrem rahayu mring para wong pracaya.
Rungokna, swaranya paring warta basuki!
Rungokna swaranya! Pangéran asih mring jalmi.
2
Loncèng Injil ngumandang, ngundang kembul bujana.
Aja nulak timbalannya, kang kebak sih-nugraha.
"Mara tampanana, Rotining Kauripan!
Murih sira nduwènana, urip ing kalanggengan."
3
Loncèng Injil ngumandhang, kaundhangaké terus
sih-katresnan kang sampurna, srana kurban Panebus.
Yéku pawartanya tumraping wong sadonya:
Wus miyos Yésus Pamarta, Juru Slameting jalma.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK