KPJ 237 NYAWAKU MUJI ALLAH
Versi Version 1
1
Nyawaku muji Allah, sukmaku bungah-bungah.
wit saka peparinge Allah marang abdine.
Dene karsa ngudaneni asoring kawulanya,
nganti saliring bangsa ngarani aku rahayu.
2
Aku sinungan berkah saka astaning Allah
dene suci asmane, lan gedhe mukjijate,
kawelasane dhumawuh mring kang padha ngeringi,
wis mesthi denberkahi tumeka turun-tumurun.
3
Astane Allah kita nindakake pangwasa,
mbuyarke wong digung, pra wisesa denlungsur,
ngluhurke para asir, wong ngelih denerobi
salir amal kang becik, wong sugih tinundhung legeh.
4
Allah wus murinani Israel, dimen ngengeti
marang kawelasane mring Abram satedhake.
Allah netepi prajanji marang leluhur kita,
langgeng ing salamanya, asmane pinuji-puji.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK