KPJ 247 SUGENG RAWUH, GUSTI
Versi Version 1
1
Sugeng rawuh, Gusti, Ratuning swarga
kang tumedhan neng donya krana kula,
"Sugeng rawuh, Gusti saking daleme Rama,
rawuhe neng donya nunggil lan pra jalma"
Salam, salam!
2
Gusti ingkang dadya tuking sih-rahmat;
adreng panyuwun kula klayan urmat.
Kang ibu Maryam tansah manggya widada,
kang sampun dadya srana miyos Paduka.
Salam, salam!
3
Pra pangen gumregah, cahya nelahi,
nulya nampi pawartos saking swargi;
"Gusti Yesus wus miyos, aneng kandhang kewan
nulya ginedhong sumeleh ing palungan."
Salam, salam!
4
Pra pugangga rawuh, lintang kang nganthi
nedya angaturken pangabekti;
mas lan blendokmur sinaosaken mring Gusti
kanthi yakin, yeku Sang Jurubasuki.
Salam, salam!

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK