KPJ 273 SINTEN INGKANG TAN ANGLENTRIH
Versi Version 1
1
Sinten ingkang tan anglentrih,
ing manah daatan aperih,
mulat sariraning Gusti?
Pinanjer neng kajenglaknat,
myang srunggennya siniyat.
Dhuh lae, dhuh Gustiku!
2
Sajroning ingerang-erang. pinoyokan myang winirang
aturnya mring Kang Rama, "O, Rama, mugi ngaksama
mring kang misakit kawula, wit tan wrin pandamelnya"
3
Swara metik kapiyarsi, "Sun ngekak!" sabdaning Gusti,
nulya dipun caosi. O, sinten ta tiyangira
ingkang tan rempu ing driya, mulat sariraning Gusti.
4
Mangkya pagowong nelahi, bumi gonjing nggegirisi,
dyan pinireng aturnya, "O, Rama, napa Paduka
negakaken mring kawula? Negakaken kawula?"
5
Ruruh ririh kapiyarsa, "Wus rampung!" wijiling sabda,
sampun rampung sanyata, mangkya jagadlinuwaran,
Gusti nanggel paukuman, jumeneng kurban dhendha.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK