KPJ 284 KALANE GUSTI SUMENGKA
Versi Version 1
1
Kalane Gusti sumengka karsa mlebet mring swargi,
sampun kagungan prasetya, badhe paring Roh Suci.
Ing dinten Pentekosta, Gusti ngutus Roh Suci.
2
Neng dalem suci, sakabat
mireng swara gumrubug.
Roh Suci ingkang wineca
pra nabi sampun rawuh.
Ing dinten Pentekosta
Gusti ngutus Roh Suci.
3
Punika pawartos bingah
tumrap sagung tumitah:
Sang Kristus wonten ing swargi
karsa paing Roh Suci.
Ing dinten Pentekosta
Gusti ngutus Roh Suci

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK