KPJ 3 ALLAH MBABARKEN KWASANYA
Versi Version 1
1
Allah mbabarken kwasanya, pra kang nglawan buyar sirna
lir lilin kénging brama, nging gung tyang mursid raharja,
memuji lan sukarena, ngarseng Allah Mamulya.
Pangèran jumeneng Rama tumrap salir tyang sangsara,
ngluwari tyang siniya, temahan ngraosken begja.
Déné tyang wangkot mbaléla siniksa bebendunya.
2
Allah mbélani pra umat ngagem sarana mukjijat wah salir kang neng jagad;
Pangèran ngrentahken berkah kang nglimat sagunging titah, temah kraharjan anjrah.
Wit kadarmaning Pangèran, tyang tinindhes kaluwaran,
temah tan wonten panandhang ing rèhing Ratu Kaswargan.
Dépara wadya-balanya, tyang nyebar kabar adya.
3
Allah Ratu kaadilan wus ngasorken pra adigang, temah kasurang-surang.
Nging tyang ringkih ingauban, pinaringan gung kabegjan, karoban karaharjan.
Gusti miji pasucènnya papan puruging manungsa,
kinèn samya angabekti konjuk mring Allah Hyang Widi.
Dalah kang swau mbaléla, nggih samya asung puja.
4
Allah Juruslamet yekti ngentas pra umat sing pati, temah samya basuki.
Mila pra umat sabumi kedugi sami memuji, anggunggung maring Gusti.
Sèstu Allah Mahaluhur, yogya pinuji lan masmur,
Lestantuna nêng ngarsanya, wit mung Gusti Kang Makwasa,
Yéku kang ngganjar kamulyan wah paring kakiyatan.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK