KPJ 335 ANA PRAU LAYAR
Versi Version 1
1
Ana prau layar margi raharja,
Gusti kang dadi Juru mudhi nira;
sapa kang arep uwal king cintaka,
nungganga ing prau ne mesthi waluya.
Nungganga kanca! mara nungganga!
Aja wedi ing ombak wah prahara;
de prau ne Gusti mesthi datan kentir,
mesthi slamet lakune. Mula ja kwatir.
2
Tan ana pangunsen liyane Gusti,
kang wus ananggel karaharjan kula.
Tan ana maneh prau kang santosa,
wah kang bakuh nadyan tinempuh prahara.
3
Lah dharate wus katon neng kadohan.
mung pira antaranya, nuli tekan.
Mula ja was atimu nging giranga,
mesthi tan kapiran angger wong pracaya.
4
Aku ya wus nunggang praune Gusti,
mulane ayem lan enggar ing ati;
angine ribut myang ombake agung,
mulane tan kwatir malah kudu ngidung.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK