KPJ 344 LAMUN DUDU YEHUWAH
Versi Version 1
1
Lamun dudu Yehuwah kang ayasawisma,
tan pa guna, tanpa gawe karyane tukange.
Lah, ing samangkya kita andulu yasane.
Saiba mulyanya pasamuwan e Gusti.
O, iba mulyanya,
pasamuwane Yesus Gusti.
Praabdinya setya lan bingah ing driya.
nambut saliring pakaryane Gusti.
2
Lamun dudu Yehuwah kang ngreksa negara,
tanpa guna, tanpa gawe njaga gapurane.
Lah, ing samangya kita ngrasakke karyane,
saiba nikmatnya ing pangreksane Gusti.
O, iba mulyanya,
pasamuwane Yesus Gusti.
Praabdinya setya lan bingah ing driya.
nambut saliring pakaryane Gusti.
3
Lamun dudu Yehuwah kang maringi boga,
tanpa guna, tanpa gawe luru sakatoge.
Lah, ing samangkya kita nampa peparinge
saiba begjanya pa kagungane Gusti.
O, iba mulyanya,
pasamuwane Yesus Gusti.
Praabdinya setya lan bingah ing driya.
nambut saliring pakaryane Gusti.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK