KPJ 355 WONTEN PUNDI DUNUNGING GESANG
Versi Version 1
1
Wonten pundi dununging gesang ingkang mengku katentreman?
wonten pundi Sang Jinebadan ingkang nuntun mring kaswargan?
Kang kapireng swaraning puji ngumandhang aneng pamujan,
mung Sang Kristus yeku sumbering katentreman wah kaswargan.
2
Dhateng pundi puruging tiyang
ingkang kawratan ing dosa,
tyang prihatos wah tyang kesrakat
tinampen klayan legawa?
3
Dhateng pundi tangis linipur
amrih manggih kaayeman?
Ing pundi korining pitobat,
dimen manggiha kaswargan?

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK