KPJ 384 RAHAYU KANG MLARAT ING BUDI
Versi Version 1
1
Rahayu kang mlarat ing budi, wit darbe kraton swargi
Rahayu kang perih ing ati, wit panglipur tamtu tinampi.
Mangkono sabdaning Guru, dhawuh ing punthuk ardi.
Prayoga den pituhu kanthi kanthi tulusing ati (2x)
2
Rahayu kang alus ing budi, nampa warisan bumi.
kalamun ngorong kasampurnan, iki kang bakal katuwukan.
3
Rahayu kang ambek - welasan, padha antuk piwelas.
Rahayu kang resik atine, bakal sumurup mring Allahe
4
Rahayu kang ngrukunken pepadha, kasebut putreng Rama.
Wong kang bener nanging siniya, iku nduweni kraton swarga.
5
Rahayu wong kang diwewada, dipitnah krana Aku.
Di bungah sarta suka-rena, gedhe ganjarane Ramamu.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK