KPJ 397 WUS DUGENG WANCINYA
Versi Version 1
1
Wus dugeng wancinya kita nilar warsa lami
gya napaki panjangnya warsa enggal puniki;
nadyan tan saged an dugi begja lan bilai,
ning krana sihing Gusti, kita samya basuki
2
Saben mangsa tinata manut ing lampahira
wonten pepanggihan ugi wonten pepisahan,
nging kang wigati tansah nyawijia mring Gusti
amrih kita sadaya sami gesang basuki.
3
Silih andongakna, mrih raharja salampahnya,
mantep ing pracaya, wah sembada gesangira.
Sumendhe mring Gusti, miwah asih mring sesami,
Yeku jatidhirining putra - putraning Gusti.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK