KPJ 409 MARANATHA
Versi Version 1
1
Maranatha, maranatha,
dhuh Gusti muga prapta;
wong kang menang nglawan dosa,
tansah mantep ing pracaya,
tampa ganjaran sing Gusti,
woh ing wit panguripan,
ing taman Pirdus yekti.
2
Maranatha, maranatha,
dhuh Gusti mugi prapta;
wong kang tatag tanggon yekti,
manggul salib ndherek Gusti
gesang langgeng aneng swarga,
tan ana susah pati
3
Maranatha, maranatha
dhuh Gusti mugi prapta;
wong ajrih-asih mring Gusti
wah nekseni Injil suci,
kaganjar jeneng kang anyar,
kepareng linggih dhampar,
nunggil Sang Kristus Gusti

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK