KPJ 423 WONTEN SATUNGGAL PANGGE'NAN
Versi Version 1
1
Wonten satunggal panggènan
dumununging kasampurnan.
Ngriku gesang datan kéguh,
wit dayaning pati lumpuh
Yéku dhamparing sih rahmat,
nentremken tyas kula.
Tyang kang ngayom wah mratobat
rahayu slaminya.
2
Ngriku tan wonten pasambat,
awit dosanya binirat.
Begja salamining gesang,
linimputan ing pepadhang.
3
Saliring tyang kamomotan
tan kènthèngen tan kawratan,
pininta samurwatira;
papan langgeng dunungira.


Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK