KPJ 434 GUSTI MUGI SAMPUN NGANTOS NILAR
Versi Version 1
1
Gusti mugi sampun ngantos,
nilar kawula;
kula tansah ngraosaken
berkah Paduka.
Gusti, mugi nuntun kawula;
kula tansah ngraosaken berkah Paduka.
2
Gusti, mugi myarsakaken
pasambat kula;
awit kawula punika
putra Paduka.
3
Nggèn kula darbé panyuwun,
mung sih Paduka
ingkang dados paugeran
miwah landhesan.
4
Gusti mugi amirsani
tyas kula trenyuh;
Paduka ingkang ngiyatken,
sageda teguh.
5
Gusti tuking kabingahan,
mugi nglipura
manah kula kamomotan
papa-cintaka.
6
Anèng donya wah nèng swarga,
kula tan darbya
andel-andel lan pikekah,
namung Paduka.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK