KPJ 437 GUSTI YÉSUS PANGÈN KULA
Versi Version 1
1
Gusti Yésus Pangèn kula,
sèstu gung sih Paduka,
Ing sapurug kula mlampah,
Paduka kanthi tansah
Kinanthi ing Gusti,
kinanthi ing Gusti
Ing satitah kula nrimah,
angger kinanthi Gusti.
2
Saliring bandha kadonyan,
mung sarananing gesang.
Déné piandel kawula
mung panganthi Paduka
3
Ajrih-asih maring Gusti
wah nresnani sesami,
lah puniku gesang kula,
wit panganthi Paduka.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK