KPJ 51 GUSTI MUGI MIRSANI
Versi Version 1
1
Gusti mugi mirsani nggen kula kesrakatan.
Kula mlajeng mring pundi,
namung dhateng Pangeran.
Nyuwun tulung, dhuh Allah
mugi nglanting kawula
sing sagung karibedan,
dimenpulih lejara.
2
Tan wonten pangauban, sèstu namung Paduka,
etuking pitulungan tumrap tyang kang nalangsa.
Yèn kegunturan sedhih miwah nandhang sangsara.
sinten kang nglipur malih, inggih namung Paduka.
3
Gusti dados pikekah miwah bètèng kawula,
karosannya tyang lungkrah, pepadhangnya tyang wuta.
Kula apes anglentrih, Gusti maringi kiyat;
kula tyang kawlas-asih, tansah nyuwun sih-rahmat.
4
Gusti tuking kadarman, mugi mlasi mring kula.
Uwala sing momotan wah kalis ing panggodha.
Gusti tuking kraharjan kang kwasa mbirat dosa,
mugi nucèkken kula, temah gesang sembada.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK