KPJ 66 ALLAHE PARA PRACAYA
Versi Version 1
1
Allahe para pracaya ing sadhengah jaman,
yeku pangauban kita, tuking kasampurnan.
2
Anèng ngarsaning dhamparnya.
papan katentreman,
panyuwun kang bener nyata,
mesthi kaleksanan.
3
Sajagad raya dumadi
karana sabdanya.
Para titah angakeni
pangwasa punika.
4
Allahé para pracaya
lumintu tresnané.
Mring sakèhing kagungannya
langgeng pangrimaté.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK