KPKA 241 Warta Basuki
Versi Version 1
1
Mring tyang asor wah tyang prasaja kang angantya mring Sang Kristus
Mlaekat sing swarga sung warta rawuhira Sang Panebus
mung bayi kang tanpa kamulyan ginedhong neng pamakanan
yeku Sang Mesih kang wineca nggih Allah kang manjalma.
2
Mring bayi papa tanpa pamor nging yektine Sang Pamarta,
sung abekti lan andhap asor miwah anteping pracaya,
kang nepangken jagad lan swarga ngrukunken Allah lan jalma,
wit nyirnakken dayaning dosa mila Gusti manjalma.
3
Mring tyang kang angantya Pirdus yekti tentrem raharja ing bumi,
bra undhangna warta basuki rawuhing Sang Kristus Gusti,
pujinen Allah Maha tresna sung Pamarta mring manungsa,
luhurna Allah Mawilasa de netepi prasetya.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK