KPKA 279 Kristus Sang Pamarta, Sinalib
Versi Version 1
1
Kristus Sang Pamarta siniksa siniya nulya sinalib ing Golgota,
iblis lincak-lincak, setan surak-surak nganggep kwasaning Kristus suwak,
nging yektine Sang Kristus menang, dosa kwasaning iblis ilang
pati, dayaning dosa musna, tyang pracaya gesang sanyata.
2
Kristus Sang Pamarta inganggep durjana sinalib tedhak mring naraka,
tinegakken Rama ngruwat tiyang dosa mbikak margi kang dhateng swarga,
mangkya manungsa rinukunken sagung dosanya ingapunten,
luwar sing kwasaning pepeteng temah gesangnya ayem tentrem.
3
Kristus Sang Pamarta suci wah sampurna sinalib nyulihi tyang dosa,
netepi prajanji wecaning pra nabi mbabarken sih rahmating Gusti,
pulih martabating manungsa dadya putraning Allah Rama,
margining berkah tumrah wrata sagung titah gesang raharja.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK