KPKA 328 Nagrinipun Gusti
Versi Version 1
1
Wonten nagri maha adya
yeku kraton swarga
saliring panandhang sirna
mung tentrem raharja
sinandhang sampurna
Nagri nika nagrinipun Gusti
nagri nika nagrining tyang pracaya wah mursid yekti
2
Wonten ing nagri sampurna
tan ana antaka
mung nunggil lan Sang Pamarta
ing kamulyan nyata
langgeng salaminya
3
Wonten ing nagri Ma adi
samya gesang suci
salir kadonyan kepungkur
mung pamuji sokur
konjuk Hyang Maluhur

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK