KPKL 10 Masmur 32
1=G
Versi Version 1
1
Rahayu wong kang kaapura dosane
Lan kaluputane kaaling-alingan
Sarta rahayu kang ora kajibahake
Dening Allah mungguh sakehing durakane
Rahayu kang ora kena ing paukuman
lan kang atine ora kadunungan cidra
2
Slaminya kula nyidem dosa kawula
Manah kula pegel
Garing balung amba
Dhe tan pegat panggluruh amba, dhuh Pangeran
Margi awrat pametekipun asta Tuwan
Dhateng kawula, matemah bayu kawula
Sami malih kados ngerak ing mangsa panas
3
Dosa kawula nunten kula akeni
Kawula wedharaken ngarsaning Gusti
Kula ngumpetaken sagunging dosaku
Pangucap kula
“Dak ngakoni panerakku
ing ngarsane Allah”
Tuwan lajeng ngaksama duraka amba
Awit Tuwan ma’wilasa
4
Pramila para tyang alim sujud samya
Mring Tuwan kalanipun taksih pinanggya
Sanadyan ta wonten santering toya agung
Ngantos kagepok kemawon sampun boten
Dene Tuwan dados pangauban kawula
Tuwan ngluwari kula saking gung bebaya
5
Dene Ingsun karsa memulang mring sira
Sunsumurupake mungguh dalanira
Sakehing pirembug saka peparingipun
Lakunira katuntun ing paningal ingsun
Sira aja kaya jaran kang tanpa budi
Kudu dipraboti keluh sarta kendali
6
Dene wong duraka iku akeh prihe
Nanging kang ngandel marang Allah mestine
Kinalang-kalang ing kamurahane Allah
Para wong mursid pada den bungah-bungaha
Wit pangrehe Allah
Eh wong jujur ing ati
Padha memujia mring Allah klawan suci

OK