KPKL 112 Warsa Enggal Kirang Sedinten
1=G 2/4
Versi Version 1
1
Gentosing wulan lan warsi
Damel getun kula yekti
Dene lampahe kok rikat
Namung sanetra prasasat
2
Mekaten dadose sirna
Kamulyaning alam donya
Mekaten badhene ical
Samukawis kang ketingal
3
Kejawi mung Gusti Allah
Ingkang boten ewah-ewah
Pangeran kang Mahaagung
Yeku piyambak kang langgeng
4
Prayogi denalembana
Ngantos salami laminya
Allah kang tanpa wiwitan
Utawi tanpa wekasan
5
Dene kalepatan kula
Slamining taun punika
Dhuh Rama, sampun ngemuti
Mugi Rama ngapunteni
6
Sampeyan karsa ngaksama
Lantaran saking kang Putra
Kula pikantuk pawartos
Rahayu kula pitados
7
Kawula darbe panyuwun
Ingkang mugi mindhak taun
Mindhaka padhang ing manah
Miwah utamining lampah
8
Sanajan enggal gumantya
Dinten lan wulan myang warsa
Yen kanggenan gesang langgeng
Kula sestune wilujeng

OK