KPKL 114 Wilujeng Mlampah
1=Des 4/4
Versi Version 1
1
Mugi sih rahmate Jeng Gusti
Lan sihe Allah Sang Rama
Nunggila ing pra sudara
Pinanggiha sami basuki
Wilujeng mlampah,
Wilujeng mlampah
Benjing nggih pinanggiha malih
Wilujeng mlampah,
Wilujeng mlampah
Benjing nggih pinanggiha malih
2
Mugi sami awilujenga
Kang lumampah myang kang kantun
Rineksaa Hyang Ma’agung
Ngantos benjing sami pinanggya
Wilujeng mlampah,
Wilujeng mlampah
Benjing nggih pinanggiha malih
Wilujeng mlampah,
Wilujeng mlampah
Benjing nggih pinanggiha malih
3
Mugi sami pinanjengena
Ing umur lan basukinya
Sagung ribed tinebihna
Pinanggiha sami raharja
Wilujeng mlampah,
Wilujeng mlampah
Benjing nggih pinanggiha malih
Wilujeng mlampah,
Wilujeng mlampah
Benjing nggih pinanggiha malih
4
Dene lamun wus tan pinanggya
Aneng donya ngriki malih
Benjing samia pinanggih
Arahayu dumugeng swarga
Wilujeng mlampah,
Wilujeng mlampah
Benjing nggih pinanggiha malih
Wilujeng mlampah,
Wilujeng mlampah
Benjing nggih pinanggiha malih
5
Lamun sampun dumugeng janji
Ndhungkap waktu tilar donya
Nggih wilujenga lakunya
Pinanggiha sami basuki
Wilujeng mlampah,
Wilujeng mlampah
Benjing nggih pinanggiha malih
Wilujeng mlampah,
Wilujeng mlampah
Benjing nggih pinanggiha malih

OK