KPKL 119 Sih Palimirmanipun Allah
1=G
Versi Version 1
1
Adhuh Allah Rama kula
Kang munggeng swarga adi
Sowan kula akaliyan
Sadherek kula sami
Kadreng pikajeng kula
Mulyakaken mring Rama
Nyaosi pamuji tuwin
Panggunggung kang trus ing batin
2
Wit kathahing sih peparing
Sarta kawlasan Rama
Ingkang tansah ambleberi
Dhateng kula sadaya
Ngantos tanpa etangan
Dene sih kamirahan
Wah pitulung Tuwan sestu
Tan pegat siyang lan dalu
3
Dhuh Rama, kula punika
Sinten, dene kok Tuwan
Welasi kelangkung-langkung
Ngatahaken kadarman
Sedheng kula tyang dosa
Kathah klepatan kula
Boten pisan yen nimbangi
Sihing Rama kang Ma’suci?
4
Tan liya mung palimirma
Tuwan ingkang tetela
Dening Gusti kula Yesus
Putra Tuwan priyangga
Mila den gunggung-gunggung
Palimirma kelangkung
Nglepataken saking siksa
Temahan paring nugraha
5
Punika anama Injil
Pawartos kang prayogi
Kang kawradin wradinaken
Ing salumahing bumi
Kula nggih winartosan
Kabar kawilujengan
Kang cinandhang para umat
Dening Pamartaning jagad
6
Dhuh Rama, kula nyaosi
Sewu-sewu panuwun
Dene marengi ing karsa
Paring serep mring ulun
Panutan kang sejati
Kang ngungkuli pra nabi
Lantaran kula raharja
Malah ginantungan swarga
7
Mugi mugi jasad kula
Sami dipun langgengna
Salebeting prajanjining
Sih palimirmanipun
Mugi kawewahana
Ing pitados wah tresna
Sageda mantep ing Gusti
Lantaran saking Roh Suci

OK