KPKL 120 Sih Kamirahanipun Allah
1=C 4/4
Versi Version 1
1
Sih Tuwan dhuh Allah kula
Amengku sajagad rat
Paring Tuwan tumpa-tumpa
Siyang dalu amirah
Sawarnining titah Tuwan
Lineban kasaenan
Anandani kasampurnan
Ing sih Tuwan tan jajag
2
Sih kang murba ing buwana
Sih kang nitahken jalma
Manci umuring pra amba
Klayan sapatitisnya
Sih kang ngreh salampah kula
Tinakdir sapinanggih
Klayan mirma kang pinuja
Kraharjan kang sinuprih
3
Sih mirma kang maringaken
Putra Tuwan pribadya
Sih mirma kang nyawisaken
Panebusing tyang dosa
Margi kang Putra punika
Sih wlas Tuwan tumama
Lan akarya basukinya
Tyang kumandel sadaya
4
Rama kula binangkitna
Ngraosaken sih Tuwan
Klayan madhep salaminya
Neng peteng wah neng padhang
Narimaha kang ginandhang
Matemah tansah muja
Klayan trisna trus ing manah
Sih wlas Tuwan kang setya

OK