KPKL 122 Rumentahing Palimirma
1=G 3/4
Versi Version 1
1
Kula tyang dosa klangkung ageng
Rinentahan palimirma
Punika ngeram-eramaken
Kawula sewu tan nyana
Mangkin tan wonten paniksa
Mangkin tan wonten paniksa
Ming rumentahing sih mirma
Ming rumentahing sih mirma
2
Allah ngasihi dhateng kula
Dosa kula ingaksama
Tan wonten mulading bendhunya
Wit kula ingangkat putra
Kula punika sinten ta ?
Kula punika sinten ta ?
De rinentahan sih mirma
De rinentahan sih mirma
3
Sayogya kula gunggung-gunggung
Palimirmanipun Allah
Kang nglepataken saking ukum
Wah nucekaken ing manah
Panggunggung kula tan liya
Panggunggung kula tan liya
Ming bab rentahing sih mirma
Ming bab rentahing sih mirma
4
Dhuh Gusti, kang kula ‘ndelaken
Ming palimirma Sampeyan
Niku kang kula landhesaken
Samasa sowan mring Tuwan
Pegata nyawa kawula
Pegata nyawa kawula
‘Nggih taksih ngunggung sih mirma
‘Nggih taksih ngunggung sih mirma


OK