KPKL 132 Tinebus Babar Pisan
1=Es 9/8
Versi Version 1
1
Uwal sing laknat iba begjaku
Gusti wus seda mbirat dosaku
Temah luwar sing paukuman
Dennya ngluwar babar pisan
Babar pisan dennya nulungi
Babar pisan dennya ngrampungi
Rumaketa ing pamentangan
Mesthi luwar babar pisan
2
Saiki kita padha mardika
Gusti wus nanggel ing slamet kita
Linuputken sing karusakan
Sinucekken babar pisan
3
Putrane Allah sebutan kita
Kang tilas satru pinundhut mitra
Kang utang pati inguripan
Wit tinebus babar pisan

OK