KPKL 136 Gusti Pangunsen Kula
1=F 6/4
Versi Version 1
1
Gusti mugi ningali
Nggen kula kesrakatan
Kula mlajeng mring pundi
Anjawi dhateng Tuwan
Dhuh Gusti nyuwun tulung
Mugi nglanting kawula
Sing karibedan agung
Tinuntuna mring swarga
2
Tan wonten pangauban
Namung sih rahmat Tuwan
Tuwan dados plindungan
Mring tyang kang kesusahan
Yen kegunturan sedhih
Wah kawratan ing dosa
Sinten kang nglipur malih
Lir Tuwan kang wilasa?
3
Tuwan dados pikekah
Miwah beteng kawula
Krosannya tiyang lungkrah
Wah padhangnya tyang wuta
Kula apes anglentrih
Tuwan paringi kiyat
Kula tyang kawlas asih
Namung nyuwun sih rahmat
4
Sih Tuwan klangkung mirah
Mugi linuberena
Mring amba kang sulayah
Tyas kula linejarna
Gusti tuking kraharjan
Kang kwasa mbirat dosa
Mugi ngumbaha mring wang
Dimen suci sampurna

OK