KPKL 145 Nyuwun Ayem ing Manah
1=F 9/8
Versi Version 1
1
Lamun kula kesayahen
Kamomotan kemengan
Kula marek, dhuh Pamarta
Nyuwun ayem mring Tuwan
Kula marek, dhuh Pamarta
Nyuwun ayem mring Tuwan
Nyuwun ayem dhuh Pamarta
Tuwan kang nebus mring wang
2
Tuwan sareh ing panggalih
Mugi mulang mring kula
Kula manut pangreh Tuwan
Ingkang entheng sekeca
3
Mugi ngirid lampah kula
Dhuh Pamarta kang setya
Manggiha tentrem rahayu
Tinuntuna mring swarga
4
Nyuwun suci, adhuh Gusti
Nyuwun lipur ing driya
Mugi tansah Tuwan kanthi
Dimen ayem slaminya

OK