KPKL 157 Pitados ing Gusti
1=G 4/4
Versi Version 1
1
Eh wong kang kabotan dosa
Gusti ungsenana
Agung sih pangapuntennya
Mring wong kang pracaya
Pracayaa, pracayaa, mung pracayaa
Gusti kwasa, Gusti kwasa
Ngluwari sira
2
Gusti wus nglampahi seda
Ngrembat dosa kita
Rahe nucekken ing kalbu
Dyan putih lir salju
Pracayaa, pracayaa, mung pracayaa
Gusti kwasa, Gusti kwasa
Ngluwari sira
3
Gusti kang dadi marganya
Kang tumekeng swarga
Sing sapa wong kang ngugemi
Ora dencuwani
Pracayaa, pracayaa, mung pracayaa
Gusti kwasa, Gusti kwasa
Ngluwari sira
4
Mula wong dosa mareka
Sowan Sang Pamarta
Sinunga slamet neng swarga
Langgenga raharja
Pracayaa, pracayaa, mung pracayaa
Gusti kwasa, Gusti kwasa
Ngluwari sira

OK