KPKL 16 Masmur 65
1=G
Versi Version 1
1
Panyuwun lan pangalembana
Ingkang trusing manah
Konjuk mring kang maha wilasa
Aneng pasamuwan
Saking lubering piwlas Tuwan
Tuwan karsa nrimah
Pasambat lan pandonganipun
Kang sarwa tumirah
2
Asma Tuwan den alembana
Sepinten pintena
Klepatan kula Tuwan karsa
Ngapunten sadaya
Rahayu tiyang kang piniji
Umarek mring Tuwan
Kang sarta klilan sami manggen
Padaleman Tuwan
3
Ing ngriku kula kableberan
Sih kawlasan Tuwan
Ing ngriku kula kaesokan
Salaming kaswargan
Tuwan maringi kakuwatan
Mring tiyang kang nglumpruk
Anglejarken kaprihatosan
Ing manah kang trenyuh
4
Dhuh andel andel pitulungan
Ing sagung pra bangsa
Purba wisesa lan Pangeran
Ing alam sadaya
Pangwasa Tuwan mengku bumi
Dene pangreh Tuwan
Tansah kawuryan mring pra jalmi
Ing saenggen nggennya
5
Sih Tuwan angayomi kula
Siyang klayan ratri
Bumi rinoban ing berkahnya
Tur anyarambahi
Mring manungsa lan sato kewan
Sagunging pra titah
Sami den ingah dening Tuwan
Ingkang mahamirah

OK