KPKL 162 Amung Godhong
1=Es 6/8
Versi Version 1
1
Amung godhong, lah ta adhuh
Gusti nganti muwun
Dene ngupados wohira
Katemenan miwah tresna
Nanging kang pinanggya
Amung godhong, amung godhong
2
Amung godhong, adhuh lae
Dhatan ana wohe
Saiba ta bilainya
Yen kadhawuhan supata
Awit kang kadarbya
Amung godhong, amung godhong
3
Amung godhong, dhuh bilai
Yen ndhungkap ing janji
Mari jamaning kawlasan
Kari jaman pangadilan
Mangka kang kawuryan
Amung godhong, amung godhong
4
Mung godhong, mung kembang lambe
Ujar tanpa gawe
Kang sinebar gung kadarman
Kang thukul mung kasaguhan
Tembung-tembung lahan
Amung godhong, amung godhong
5
Amung godhong, Gusti rawuh
Mriksa kang tumuwuh
Playunira menyang ngendi
Lamun wohira mung dami
Mung pakaning geni
Amung godhong, amung godhong

OK