KPKL 2 Masmur 2
1=Es
Versi Version 1
1
Yagene ta para bangsa
Pada weringuten?
Saliring angen-angennya
Tansah tanpa guna
2
Yagene ta para raja
Pada ambalela
Lumawan marang Yehuwah
Sarta jebadannya?
3
Pangucape: “Mara pada
Amedot dadunge;
Sarta pada ambuwanga
Kendarate Allah”
4
Kang akadhaton neng swarga
Wis mesti gumujeng;
Pra kang nglawan dipoyoki
Dening Kang Ma’ageng
5
Padha didhawuhi Allah
Kalawan gung duka;
Lan padha dirubuhake
Kalawan bramatya
6
Dhawuhe’Allah kang kwasa
“Sun jumeneng Ratu;
Wakilingsun aneng Siyon,
Ing gunung kang suci”
7
Kekancinganing Pangeran,
Dhawuhe mring aku:
Sira iku Putraningsun;
Samangkin Sunyoga
8
Sira nagiha mring Ingsun,
Mesti Sunjurungi;
Bumi dadi darbekira:
Saka Astaningsun
9
Pra bangsa sira ejura
Klawan teken wesi;
Lan padha sira remuka
Lir grabahing kundi
10
Mulane he para raja
Sumuyuda mring Hyang
Klawan wedi; bungahira
Dikanti gumeter
11
Kang Putra sungana ujung
Murih aja duka;
Aja kongsi padha tumpes
Aneng dalanira
12
Rahayu sarupaning wong
Kang mantep sumendhe
Lan ngungsi marang kang Putra
Pinuji Asmane

OK