KPKL 21 Masmur 84
1=F 4/4
Versi Version 1
1
Dhuh Gustine bala tantra
Wisma Tuwan iba dennya
Anengsemaken manah mami
Nyawa kawula angengleng
Ngantos lesah de cengklungen
Manah lan raga kula sami
Sumyak de kangen mring Tuwan
Dhuh Allah kang mengku gesang
2
Dalah peksi manggih griya
Kedali wonten susuhnya
Kang den selehi anakira
Wonten ing dalem pamujan
Dhuh Allah nggih rajaningwang
Rahayu tiyang kang gegriya
Aneng padaleman Tuwan
Tansah memuji Pangeran
3
Rahayu tiyang kang nglindhung
Dhateng Tuwan kang ma’agung
Lenging ciptanira tan liya
Namung margi ingkang dugi
Ing wisma Tuwan kang suci
Lamun kasatan neng marginya
Tuwan kang maringi jawah
Kang nyegeraken ing manah
4
Inglampahnya saya mindhak
Kakuwatannya ing awak
Ngantos sami sowan Allahnya
Dhuh Gustine bala tantra
Mugi myarsakken pandonga
Miwah panyuwune kang amba
Nggih mugi katilingena
Dhuh Allah kang mahasetya
5
Dhuh Allah tetamengingwang
Kula wonten wisma Tuwan
Namunga sadinten kewala
Punika prayoginira
Anglangkungi sewu dina
Kula mlaur tengga gapura
Neng daleme Allah mami
Klawan manggen wor tyang juti
6
Yehuwah dados sesurya
Miwah totameng kawula
Tyang kang temen ing salampahnya
Mesti boten dencukengi
Samukawis kang prayogi
Dhuh Gustinipun bala-tantra
Rahayu tyang kang sumendhe
Maring Pangeran Allahe

OK