KPKL 27 Masmur 96
1=Bes 4/4
Versi Version 1
1
Allah linuhurna klawan kidung anyar
Prajalma salumahing bumi ajembar
Sira angidungna kluhurane Yehuwah
Saosa puji mring asmane klawan bungah
Sih pitulunge brawartakna saben dina
Wah mukjijate mring sagunging kancanira
2
Dene gung kaluburane Hyang Widi
Jogya pinuji-puji wah den ajrihi
Ngungkuli saliring
pra dewa kang tan aji
Mung kang murbeng jagad
yeku Allah sejati
Kamulyan kluhuran munggwing pangayunane
Praba lan k’elokan mratani pasucene
3
Hesaliring bangsa saturunanira
Yehuwah ma’agung padha saosana
Kluhuran lan urmat
wah pujining Asmane
Mara padha seba
maring padalemane
Asaos pisungsung
kanthi kurban pamuji
Wah sujud mring Allah
manganggo prabot suci
4
He bumi, pra umat bra winartanana
Yehuwah maluhur kang jumeneng Raja,
Mula alam jembar mesthi luwih santosa,
Tan obah gumingsir dhasarnya kang prakosa
Pangeran kang bakal ngereh ing para bangsa
Klawan sampurnaning kaadilan lan kwasa
5
Sagunging akasa dimen suka-suka
Miwah pratala bra asuka-pirena
Segara gumuruha lan saisinira
Wah ara-ara dimen wrata agembira
Saliring wit-witan ing alas kumrasaka
Neng ngarsane Allah ingkang karsa aprapta
6
Yehuwah Sang Prabu rawuh ing kratonnya
Rawuhe angereh sawrataning donya
Lir ratu pinunjul kang miyos sinewaka
Sinaosan urmat ing sabalanya wrata
SaJ’agad ingereh klawan kaadilane,
Wah sagung pra bangsa kalawan kasetyane

OK